Posts

Tembang Macapat

 Tembang Dhandanggula Yogyanira kang para prajurit Lamun bisa samiyo anuladha Duk ing nguni caritane Andelira sang Prabu Sasrabau ing Maespati Aran Patih Suwanda Lelabuhanipun Kang ginelung tri prakara Guna kaya purun ingkang den antepi Nuhoni trah utama Langkung ana jamane narpati, nora nana pan ingkang nanggulang, wong desa iku wadale, kang duwe pajek sewu, pan sinuda dening Narpati, mung metu satus dinar, mangkana winuwus, jamanira pan pinetang, apan sewu wolungatus anenggih, ratune nuli sima.